Sabtu, 17 Desember 2011


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله الحمد لله  الذ ي  مـن عـلـيـنــا بـفـضــلـه الـعـمـيــم * وبشــر الــمــتــقــيــن بجــنــات الـنــعـيــم  * وأنــذر الـمـســئـيــن بـعــذاب ألـيــم *   أشـهـد ان لا اله الا الله وحده لا شـريك له هــو الـعــزيــز الـحــكـيــم *  وأشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله الـذي خـص بـالخـلـق الـعــظـيـم * اللهـم صـل وسـلم على سـيد نا محمـدالــرأوف  الـرحــيــم * وعلى ألـه وأصــحـابه الـذيـن تـمـســكوا بـنـهـج الـقـويـم * أمـابعـد فيـا أيـهــا الأخـوان الكـرام رحمكم الله , أوصــيكم واياي بتقـوىالله *     قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ اْلقائِلِيْنَ: أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ * بســم اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ*   ومــا أمــروا الا لــيــعــبــدوااللــه مــخــلـصــيــن لــه الـــديـن حـنــفــاء , ويــقــيــمــوا الــصــلا ة  ويــوءتــوا الــزكـوة  وذلـك ديــن الــقــيــمــة

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Mangga kita sesarengan tansah netepi ajrih lan taqwa dateng Allah, kanti tansah netepi  taat dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nebihi  sedaya awisanipun. Ampun ngantos kuma wantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos kumo wanton  nerjang awisanipun Allah.wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit ing dunya ngantos dumugining akherat, Amiin.

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Saklajengipun mangga ihtiyar ngikhlasaken sedaya amal ibadah kita, bilih sedaya amal ibadah ingkang kita tindakaken sageta bersih saking sedaya seja lan pamrih sanes, kejawi  murih ridlanipun Allah. Jalaran ikhlas punika minangka jiwanipun amal,  artosipun amal ingkang katindakaken tanpa ikhlas punika bebasan jasad ingkang mboten wonten ruh ipun tentu mboten wonten ginanipun. Dados amal ingkang bade katampi dateng ngarsa dalem Allah inggih namung amal ingkang linandesan ikhlas . Kados dawuh dalem kanjeng Nabi Muhammad SAW. :
لا يــقــبـل اللـه مــن الــعـمــل الا مــا كان لــه خــالـصــا وابـتــغى بــه  وجــهــه 
Gusti Allah ora bakal kersa nampa amal kang ora disertani ikhlas kerana murih ridlane Allah” (HR.Ibnu Majah).
Wondene titik tolakipun amal punika wonten ing niyat, niyat ingkang ikhlas bade ndadosaken amal ingkang alit dados ageng, kosok wangsul, niyat ingkang mboten ikhlas saget ndadosaken amal ingkang ageng dados alit utawi kepara malah ndadosaken amal lebur tanpa gina. ٍSawenehing Ulama paring pengendika
: رب عمــل  صـغــيــر تــعــظـمــه الــنــيــة  ,
رب عمــل  كـبــيــر تـصــغــره  الـنــيــة
“Pirang pirang amal kang katone mung cilik, nanging ganjarane nuli dadi gede jalaran sangka becike niyat, lan pirang pirang amal kang katone gede, nanging wusanane dadi cilik ganjarane amerga luput olehe niyat”
Ningali semanten perananipun niyat sak lebetipun amal, pramila menapa kemawon amal ingkang saget kita tindakaken eman sanget menawi mboten kaniyatan kanti ikhlas, jalaran wujudipun amal sami kemawon ikhlas utawi mboten,  nanging labet saha ganjaran lan tinampinipun amal wonten ngarsanipun Allah inggih namung menawi saget katindakaken kanti niyat ingkang ikhlas murih ridlanipun Allah Ta’ala.
Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Langkung langkung amal ibadah ingkang anggadahi dimensi sosial, punika langkung rentan dateng lumebetipun seja ingkang ngirangi, utawi kepara ngrisak dateng amal kita. Kados dene sedekah, tetulung dateng sesami lan sanesipun punika langkung gampil kecampuran niyat lan seja seja kamanungsan. Ing mangka miderek dawuh hadits ingkang sanget kawentar kanjeng Nabi ngengetaken kanti dawuhipun :
وانــمــا لــكل امــرء مــا نــوى
Bilih, “tumrapipun satunggaling tiyang, punika bade pikantuk ganjaran miturut niyatipun”  .

Ing ngajeng ugi sampun dipun aturaken dawuhipun Allah ing Al Qur”an :
ومــا أمــروا الا لــيــعــبــدااللــه مــخــلـصــيــن لــه الـــديـن حـنــفــاء ويــقــيــمــوا الــصــلا ة  ويــوءتــوا الــزكـوة وذلـك ديــن الــقــيــمــة
“Lan manungsa ora pada diperintah kejaba supaya ibadah marang Allah kelawan ikhlas murnekake ta’at marang Allah kerana nindakake dawuh  agama  kelawan lurus , lan pada njumenengake shalat lan pada aweh zakat, ya mengkono iku agama kang jejeg” 
(QS.Al Bayyinah: 5).

Wusananipun mugi mugi kita tansaha kaparingan pitedahipun Allah tansah saget nindakaken amal ibadah kanti ikhlas namung kerana nggayuh karidlan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala. Amin
جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلفَائِزِيْنَ اْلآمِنِيْنَ  *  وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ  *  وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ *

Khutbah Kedua
الْحَمْدُ ِللهِ ، الْحَمْدُ ِللهِ حَقَّ حَمْدِهِ *  أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ  شَهَادَةَ عَبْدِهِ  *  وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْوَفِيُّ بِعَهْدِهِ *  صَلَّـى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلهِ وَأَصْحَابِهِ مِنْ بَعْدِهِ *  وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا *  أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى * وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ تَعَالَى أَمَرَكُمْ أَمْرًا عَمِيْمًا *  فَقَالَ جَلَّ جَلاَلُهُ: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا *  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ *  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ *  وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ *
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ * وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ * إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ *  اَللَّهُمَّ اْنصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ *  وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ  *  أَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ *  وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ *  وَفُكَّ أَسْرَ الْمَأْسُوْرِيْنَ * وَفَرِّجْ عَنِ الْمَكْرُوْبِيْنَ * وَاقْـضِ الدَّيْنَ عَلَى الْمَدْيُوْنِيـْنَ * وَاكْتُبِ اللَّهُمَّ السَّلاَمَةَ عَلَيْنَا * وَعَلَى الْغُزَّاةِ وَالْمُجَاهِدِيْنَ وَالْمُسَافِرِيْنَ *  إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ *  اَللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ * وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ* وَاْلفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَة * وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ *  مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ * مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً *  وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً * إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ *  رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بالإِيـْمَانِ*  وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْم  *
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْوَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُنَ *


File bisa di download di sini http://www.mediafire.com/?tlnqxkcbufqfo7z

0 komentar :

Posting Komentar