Selasa, 27 Desember 2011

السّلام عليكم و رحمة الله و بركاته
الحمد لله الّذى اعدّ الجنّة لمن اتّقاه, و اعدّ النّار لمن عصاه, من توكل عليه كفاه, و من فوّض امره اليه دبّره و هداه, احمده سبحانه و تعالى و أشكره على ما اعطاه, و اشهد ان لا اله الا الله وحده لا شريك له, الّذى تنزّه عن كلّ ما سواه, و اشهد انّ سيّدنا محمّدا عبده و رسوله الّذى اصطفاه و اجتباه, اللّهمّ صلّ و سلّم على سيّدنا محمّدٍ و على اله و صحبه و من وّالاه.
امّا بعد, فيا عباد الله, اتّقوا الله تعالى حقّ تقواه, واعلموا أنّ السعيدَ من اطاع مولاه, والشقيّ من اتبع هواه.
Kaum Muslimin Rahimakumullah!
Wonten kesempatan ingkang sae meniko kulo ngajak dumateng panjenengan sami, monggo kita sareng-sareng tansah netepi taqwa dumateng Allah Ta’ala kanti nindhakaken sedaya perintah-perintahipun Allah lan nilar sedaya awisan-awisanipun Allah, supados kita sesarengan pikantuk kabejan lan kamulyaan wonten ing dunyo lan wonten ing akhirat. Amin….

Sederek Jama’ah Jum’ah Rahumakumullah!
Kita sedaya temtu sampun menyadari bilih umur kita sakmenika sabendintenipun tansah kurang ing akhiripun dumugi ajal utawi mati. Menika berarti kesempatan kita kangge ngathah-ngathahaken amal shaleh menika saya kirang. Sedang perbuatan kita nglampahi dosa tambah terus tanpa getun. Kados dawuhipun syair:
انت فى غفلة و قلبك ساهى, ذهب العمر و الذنوب كما هى
“Sira urip ing dalem kelengahan lan atimu lali, umurmu ilang ing hale dosamu isih tetep kaya biyasane.”


Kaum Muslimin Rahimakumullah!
Sayogyanipun kita kedah pinter ngginaaken kesempatan kangge ngathah-ngathahaken amal shaleh sak derengipun kita ketekan pati. Monggo kita isi kesempatan ingkang sae menika kangge amal-amal shaleh. Ampun ngantos kesempatan meniko ical percuma, utawi keliwat kanthi sia-sia. Ampun ngantos kita meniko seneng nunda-nunda sesuatu ingkang berarti buang-buang waktu. Allah Ta’ala sampun dawuh wonten Al-Qur’anul Karim:
 
“Lan tumrap saben-saben ummat iku duwe pesten lan woh patine, semangsa wus tekan mangsane ora bisa maju utawa mundur, senajan mung sethithik wae. (QS. Al-A’raf: 34)

Kaum Muslimin Ingkang Minulya!
Pejah Menika setunggalipun kedadosan ingkang mesti dipun alami dening menungso, sinten kemawon mboten saget menghindari pejah. Senaoso sampun berusaha menghindari, nanging anehipun kathah menungso ingkang mboten merhatosaken mati, malah supe dumateng pejah. Kados-kadosipun pejah meniko mboten badhe kedadosan.

Menungso kathah-kathahipun kesengsem kaliyan bondho kemewahan dunyo, tanpo merdulek’aken kehidupan wonten ing akhirat ingkang langgeng, sehingga menungso sami kathah ingkang berbuat nuruti hawa nafsunipun. Kathah menungso ingkang mboten manfaataken kesempatanipun kangge ngisi amal sholeh ingkang kathah, malah kosok wangsulipun, kathah ingkang sami ngginakaken kesempatan puniko kangge maksiat dateng Allah. Na’udzu Billah Min Dzalik…

Mestinipun piyambakipun kedah menyadari bilih pejah puniko mesti dugi, lan duginipun pejah puniko mboten wonten ingkang ngertos. Saget ugi pejah puniko dumawah naliko tasih enem, saget ugi naliko sampun sepuh, malah sampun kito sumerepi bilih wonten tiyang ingkang suwantenipun tasih sehat nanging injingipun sampun pejah kanti mendadak. Tegesipun pejah puniko pesthi badhe dating. Lan datengipun mboten saget dipun kiro-kiro sak derengipun.

Kaum Muslimin Ingkang Minulya!
Mila saking puniko monggo kesempatan puniko ingkang sae kito manfaataken kanthi nglampahi amal-amal sholih ingkang kathah., kangge ngucali ridhonipun Allah Ta’ala. Rasulullah SAW sampun dhawuh wonten ing setunggalipun hadits ingkang dipun riwayataken dening Imam Hakim lan Baihaqy sangking Shohabat Ibnu Abbas mekaten:

اِغْتَنِمْ خَمْساً قَبْلَ خَمْسٍ حَيَاتَكَ قَبْلَ مَوْتِكَ وَصِحَّتَكَ قَبْلَ سُقْمِكَ وَفَرَاغَكَ قَبْلَ سُغْلِكَ وشَبَابَكَ قَبْلَ هَرَمِكَ وَغِنَاكَ قَبْلَ فَقْرِكَ
“Lakonono limang perkoro iki sedurunge ketekan limang perkoro: 1. Nalikane sira isih urip sakdurunge  sira mati, 2. Nalikane sira isih sehat sakdurunge sira lara, 3. Nalikane sira aduwe kesempatan sakdurunge sira sibuk, 4. Nalikane sira isih enom sakdurunge siro tuwo, 5. Nalikane sira sugih sakdurunge sira faqir.”

Hadits meniko sampun jelas, bilih kanjeng Nabi teges-teges nganjuraken dumateng kito sedoyo supados kito leres-leres purun manfaataken kesempatan ingkang sae puniko kangge amal sholeh, ampun ngantos kesempatan puniko ical percuma.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ , وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ الله َلِيْ وَلَكُمْ وَلِكَافَةِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ , فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ


 Khutbah Kedua


الْحَمْدُ ِللهِ ، الْحَمْدُ ِللهِ حَقَّ حَمْدِهِ *  أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ  شَهَادَةَ عَبْدِهِ  *  وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْوَفِيُّ بِعَهْدِهِ *  صَلَّـى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلهِ وَأَصْحَابِهِ مِنْ بَعْدِهِ *  وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا *  أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى * وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ تَعَالَى أَمَرَكُمْ أَمْرًا عَمِيْمًا *  فَقَالَ جَلَّ جَلاَلُهُ: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا *  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ *  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ *  وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ *
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ * وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ * إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ *  اَللَّهُمَّ اْنصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ *  وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ  *  أَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ *  وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ *  وَفُكَّ أَسْرَ الْمَأْسُوْرِيْنَ * وَفَرِّجْ عَنِ الْمَكْرُوْبِيْنَ * وَاقْـضِ الدَّيْنَ عَلَى الْمَدْيُوْنِيـْنَ * وَاكْتُبِ اللَّهُمَّ السَّلاَمَةَ عَلَيْنَا * وَعَلَى الْغُزَّاةِ وَالْمُجَاهِدِيْنَ وَالْمُسَافِرِيْنَ *  إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ *  اَللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ * وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ* وَاْلفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَة * وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ *  مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ * مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً *  وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً * إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ *  رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بالإِيـْمَانِ*  وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْم  *
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْوَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

0 komentar :

Posting Komentar