KHUTBAH JUM'AT
Agunge Dina Arafah


اَلْحَمْدُ لِلهِ اَلْحَمْدُ لِلهِ  الَّذِي فَضَّلَ اْلأَشْهُرَ اْلحَرُمَ وَاْلأَوْقَاتِ وَاْلأَيَّامَ  أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ اْلقُدُّوْسُ الْسَلاَمُ$ وَاَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اْلمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلاْنَاَمِ$ اَللَّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ سَيِّدِ الْعَرَبِ وَالْعَجَمِ $ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ كَالنُّجُوْمِ فِي الظَّلاَمِ$ وَالتَّابِعِيْنَ تَابِعِهِمْ بِإِحْسَانِ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامِ$ أَمَّابَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَا اللهِ الْخَالِقِ الْعَلاَّمِ$ بِاْلعِبَادَاتِ وَالذِّكْرِ وَالدُّعَاءِ وَالصِّيَامِ $فِي أَيَّامِ عَشَرِهَذَا الشَّهْرِ اْلحَرَمِ $ تَدْخُلُ الْجَنَّةَ دَارَ السَّلاَمِ$

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya
Mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang-terangan utawi sesideman,  kanthi tansah  nindakaken sadengah perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan  dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala,  Amiin.


Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya
Kita sedaya sampun sami ngawuningani bilih wekdal punika sampun lumebet ing wulan Dzulhijjah, kalebet wulan ingkang mulya menggahipun Allah, Kados dawuhipun Allah ing surat At Taubah:
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْراً فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَوَاتِ وَالأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ذَلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ فَلاَ تَظْلِمُوْا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ 

“Sejatine wilangane sasi sak jerone setahun, mungguhe Allah Ta’ala iku ana rolas sasi mengkono iku wus katulis ing sak jerone lauh mahfudh nalika Allah nitahake pira-pira langit lan bumi, saking rolas sasi mahu ana sasi papat kang di mulyakake, (yaiku sasi Dzul Qo’dah, Dzulhijjah, Muharram lan Rajab), mulyaake sasi papat mahu kalebu katetepane agama kang jejeg. Mula sira aja pada nganiaya awake ana ing wulan-wulan mulya mahu kanti tumindak ma’shiyat“  (QS.At Taubah 36).


Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya
Wulan mulya punika mboten wonten tegese, menawi kita mboten mulya aken kanti tumandang ngamal ibadah, piwalesipun ugi bade dipun tikel-tikelaken dening Allah Ta’ala, langkung-langkung wonten ing sedasa dinten ing awalipun wulan punika, miderek dawuh dalem Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wasallam:

مَا مِنْ أَيَّامٍ أَحَبُّ إِلَى اللهِ أَنْ يُتَعَبَّدَ لَهُ فِيهَا مِنْ عَشْرِ ذِي الْحِجَّةِ يَعْدِلُ صِيَامُ كُلِّ يَوْمٍ مِنْهَا بِصِيَامِ سَنَةٍ وَقِيَامُ كُلِّ لَيْلَةٍ مِنْهَا بِقِيَامِ لَيْلَةِ الْقَدْرِ

 “Ora ana dina kang luwih kinasihan mungguhe Allah, kang digunakake kanggo ngibadah marang Allah, katimbang saking dina sepuluhe wulan Dzulhijjah, pasa saben-saben dinane sepuluh mahu bisa  mbandingi pasa setahun, lan ngibadah shalat ana ing saben saben wengine dina sepuluh mahu, bisa mbandingi njungkung ngibadah ing Lailatul Qadar”  (HR. Turmudzi Ibnu Majjah, Nasa’i)

Pramila eman sanget menawi wekdal ingkang sae punika mboten kita ginakaken kangge ngumawula wonten ngarsanipun Allah, langkung-langkung woten ing dinten kaping sanganipun wulan Dzulhijjah punika, ingkang dipun wastani dinten ‘Arafah wancinipun sederek kita ingkang ngibadah haji sami njungkung ngibadah ing ara-ara Arafah, kanti wukuf ngagem busana sarwa seta, nyadong rahmatipun Allah Ta’ala. Jalaran ing dinten Arafah punika, Allah nggelar lan nyebar rahmatipun, ngijabahi dunga panyuwunan, saha  ngesokaken maghfirah lan pangapuntenipun dateng para kawula ingkang sami purun mulyakaken lan njungkung ngibadah ing dinten Arafah.
Kados ingkang sampun kadawuhaken dening Kanjeng Nabi:

إِذَا كَانَ يَوْمُ عَرَفَةَ نَشَرَ اللهُ رَحْمَتَهُ فَلَيْسَ مِنْ يَوْمِ أَكْثَرَ عِتْقًا مِنْهُ وَمَنْ سَأَلَ اللهُ تَعَالَى فِي يَوْمِ عَرَفَةَ حَاجَةً مِنْ حَوَائِجِ الدُّنْيَا وَاْلأَخِرَةِ قَضَاهَالَهُ، وَصَوْمُ يَوْمِ عَرَفَةَ يُكَفِّرُ سَنَةً مَاضِيَةً وَسَنَةً مُسْتَقْبِلَةً

"Nalika wus tumeka wektune dina Arafah, Allah Ta’ala nyebar rahmate, ora ana dina kang luwih akeh Allah merdikakake kawulane sangka neraka, katimbang dina Arafah, Sing sapa wonge nyuwun marang Allah Ta’ala ing dina Arafah, saka  kebutuhan dunya lan akhirat, mangka Allah mesti ngijabahi ing panyuwune, Dene pasa ing dina Arafah iku bisa  nebusi dosa setahun kang wis kliwat lan setahun kang diadepake”

Pramila kita ugi ampun ngantos musprakaken kesempatan punika, samiya kersa tumandang ngamal ngibadah, nyadong rahmat lan ngatah-ngatahaken dunga panyuwunan, sukur prihatosan siyam ing dinten Arafah, ngengeti semanten agungipun rahmat kanugrahanipun Allah Ta’ala .

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya
Kanjeng Nabi paring bebingah tumrap tiyang ingkang purun shiyam ing dinten Arafah, kanti pinaringan pangapunten dosanipun dening Allah Ta’ala saking dosa setahun ingkang kepungkur, lan setahun ingkang dipun adepi. Miderek ngendikanipun sahabat Ibnu Abas, punika ngisyarataken, bilih tiyang ingkang purun nindakaken shiyam ing dinten Arafah bade dipun paringi yuswa menangi tahun ngajeng. Pramila tumrap tiyang ingkang mboten purun siyam dinten Arofah, mbok bilih pancen mboten pinaringan saget pinanggih tahun ingkang bade dumugi. Mugi-mugi kita pinaringana pitulung saget tumandang ngibadah langkung-langkung shiyam  ing dinten Arafah, saha panjang yuswa kangge taat lan ngibadah dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala, Amiin.
قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ الْقَائِلِيْنَ: أَعُوْذُباِللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الَّرجِيْمِ$ بِسْمِ اللهِ الَّرحْمَنِ الَّرحِيْمِ$ وَالْفَجْرِ$ وَلَيَالٍ عَشْرٍ$ وَالشَّفْعِ وَالْوَتْر$
بَارَكَ اللهِ لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ الْكَرِيْمِ$ وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْم$ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْن

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ


0 komentar :

Posting Komentar